Wednesday, August 24, 2011

D U R M A II


D U R M A    II


Ku harjaning Carbon watek Ratu Oliyah
tandah hing sawengi-wengi
hing masjid sowara hing tilawat parnujinya
gumuru swarane puji
kala samana Masjid Agung nunggeling.
Durung ana empere angeringanan
mura ngarep lan wuri
mawi pataka harja
parunggu sarta alancip
apa kaya dat
hing pataka hing masjid.
Ora kaya jadeng prang saking Mataram
kang nama Ki Gedeng Enis
naban tigang warsa
kinarsa langlang jagad
kinarsa mamariksani
maring Nalendra kang kabawa Matawis.
Pinariksa banggi wonten durga baya
kulilip nyalawadi
biliana Raja
bala Raja kang lirwa
maring purbaning Matawis
kala samana
ika Ki Gedeng Enis.
Duk pariksa hing Carbon amanggih harja
sarjuning puji masjid
hing dalu kawangwang
dene teka bargama
hing Carbon ngundak-kundaki
inggih mankenya
jumeneng kutub maning.
Anuruni Sang Jati sun cacak coba
ya ta hing mangsa wengi
Gedeng Enis marendah
andalahi ku baruwang
hing luhur pataka Masjid
yen mangko tawa
lah yen nyata Kutub maning.
Panakawan datan langgana hing karsa
kalayan lampah demit
tan nana uninga
durga andala baruwang
ya ta abdi sami
sapa ngakuba hing masjid panas atis.
Dadya bubar tan nana purun ngahuba
sirep kang samimuji
Gedeng Enis nyana
yen dudu Kutub Hingyang
Gedeng Enis wus lastari
lampanya kesah anjaja panagari.
Ora kaya hing Carbon sanget sangsaya
Masjid dipun tan kenging
dipun geni salat
Jeng Panembahan susah
Popoyan datang Jeng Nyai
Pangngalangalang
istri guna wit urip
Adam ika Nyai Tegal pangalangalang
nabda la ya iki
gawene wong tuwa
do emadak masi ana
Nini-nini kari siji
Jeng Panembahan
wus katingal bruwang mandi
ya ana hing pataka masjid katingal
sabda Yang Nini-nini
ujarisun apa
la ika si banuana endah si Nyai ngabili
wong wis tuwa
ora owel yen mati.
Panembahan kang ngawas wau tuminggal
saking jabaning masjid
aja melu hebang
si Nyai mengko kebang
manjing hing jara Masigit.
Jeng Panembahan ngandika iya becik
pan si Nyai manjingnga masjid pujangga
manira kang neng Jawi
ngawasakon bruwang
kang ana ing pataka
mangkana enggal Jeng Nyai
pangalangalang
lumebet asusuci.
Banyu wulu anducekaken salira
saking cadas sing jisim
sampun sinampurna
ingkang susuci badan
nunten malebet tumuli
wonten ning Bangsal.
Masjid Agung asuci
abrebresik kang nama tinja kaliwat
hing tinja ingkang kari
mungguh kang babasan
manuk mabur kang sarta
kurungan orana kari
hing tengah-tengah
hing masjid denya nunci.
Pan aseru swarane ingkang adan
asruh amemelingi
ambeledug awiyat
pamrasane kang meningi
ingkang kawengan
swarane iku Jeng Nyai.
Pareng anjit kang swara munclski bruwang
kang aneng pataka masjid
mesat hing gagana
sumembur hing ngawiyat
muksa ilang ingkang mandi
sirna sampurna
waluka kadi uni.
Kacarita baro ewang ingkang sumebar
mumerep pada manjing
maring Guwa Upas
Guwa Dalem ika tunggal
bangsa mandi lamon lalis ya makumpulan
maring sarwaning mandi.
Wus asirna sing dunya sampun apinda
maring kaanan latip
teges kang babasan
ora mati kewala
salin nagara kang latip
Jeng Panembahan
andarengen hing kapti.
Tumon wau sinare Pangalangalang
Nyai Dalem Pakungwati
dening si wanodya
sina tata Oliyah
rumasuk badan rokani
oraga sukma
karu-ru istri lecih.

No comments:

Post a Comment