Wednesday, August 24, 2011

S I N O M


S I N O M


Kawarnaha ingkang kadang
kang metu kang saking ngapti
Pangeran Kusumajaya dennya karem maring supi
tanopen anak rabi
umah bale burang abur
tan ngtang sandang pangan
hing bratapaning tur gempih
mila dumadi ing barang sacipta nira.
Bisa ngambah awang-awang
lan bisa mencala putri
kinawenang sejan rupa
lampah sakedap dumugi
maring prenah kang pinrih
wus ora sangketing laku
karemenipun wayang
dada lang kang wignya adi
kang sinengge hing sugul paesan tunggal.
Datan pegat anglambayang
mangka ika anarengi
leledang maring nagara
kapareng Sultan kakalih
diweg aniningali
benteng anyar winangngun
Pangeran Sumajaya
Kandikane ya iki
Kang ginawe menggung waji kudiran.
Natkala nabda mangkana
lari ngijoggaken ecis
hing kuta Bentang ahobah
oreg lir bumi ginonjing
semune manci maringkang rayi dumeh kadyeku
campur budi Walanda
gawe benteng pasang bedil
ya ta Sultan sakalih asruh ngandika.
Sampun makaten kang raka
lumayan bade madosi
tiyang bodo drapon ulap
ningali benteng puniki
dupi jeng raka serik
boten remen ning puniku
jandika nyingkir kewala
hing parnah gen kang sepi
dan Pangeran Sumajaya wus ayimpar.
Aguling hing Karjuwanan
atmane sampun dumadi
ratu topong Baladewa
hing pesisir kidul nengih
ika ana hing bumi
Cidamar gennya ang Batu
nama Sunan Prawata
tur balampun gagaib
gumlar asrih pada sadela.
Ya ta Gupenur Jaketra
kaget tumon giri rusit
dadi samnya pada apyak
saradadu anglurugi
pirang-pirang prajurit
saking Jaketra kumebul
kaligane kang prajurit
pada potol endase tanpa karana.
Mangkana lawan mangkana
gawokipun wong Batawi
nembe tumon lampah perang
amorotoli pribadi
akeh pada sasiri
anglurug pada angandu
sagena-gena pada
geris pada marotoli
pirang-pirang Sradadu Jawa Walanda.
Danggome geger genturan
Moggel Betawi angarti
yen pisaniki kudowa anak Carbon ken nyabili
maring Cidamar ambrih
jimat pamunakih lurug
ya ta wong Carbon dangdan
sarta prajurit Walandi
Kapitan Muris kalawan Kumendur ajag.
Lan Mantri Astraditaya
Sultan Loro pan lumiring
anglurug maring Cidamar
pasir kidul den purugi
ora manggih dangending
Cidamar amanggih suwung
gawoke wong Walanda
ra manggih itu ini
erane kang mau apa durbiksa.
Datan wruha ika atma
atmane kang mangngun guling
ana hing gon kajuwanan
parengika den lurugi
dateng kadang pribadi
dumadi enggal awungu
kana atma muksa ilang
mangsup hing ragane atang.
Sultan loro sing Carbon wus ngarti uga
lamon punika kang raka
Sumanjaya den nadeling
ngangken wiratama nira
ngesemi wong Pakungwati
anrorag-orag rayi
aja katungkul anggugu kula reja Walanda
kawas kita angumandi
para gusti hing rupane asengaja.
Sengaja campur koripan
angramekaken nagari
anganjarakening yasa
amburak yasa kang dingin
kuta Carbon wus bresi
kagantening benteng ngipun
ringa-ringa hing Jagat
wera ingkang dipun pambrih
nanging salirga gaib dadi atebah.
Tut satitik musna ira
guriyang hing Pakungwati
katiyen dening Walandi
hing Carbon buncari tebeh
ilang sagunging mandi
cama kapupuna hing dudu mila Kanjeng Pangeran
Sumajaya asung wangsit
supadosa para Gusti saja nemaha.
Henda ilang hing guriyang
sok remaja hing ngaurip
kang aran sagula wenta
ingkang manis ingkang gurih
anglalu sada lali
maring mantraning luluhur
tewaju hing kaldunya
kal akerat kang kakeri
lah iku prabawa Pulung yun mintar.

No comments:

Post a Comment