Wednesday, August 24, 2011

L A D R A N G

L A D R A N G


Pakungwati lami-lamining ngaurip
kudu ana
bancana isining lahir
ora liyan ya Ki Buyut Alas urang.
Ya tedaking Dempul kang dingin maranti
angka-angka
ingkang umbul-umbul waring
pada raraton
awanguna si karaharja.
Ya sakait lawan Ki Buyut kang nami
Ki Supataka
pon turuning hamet wani
mung cirine dening tan huning hing daya
kurang waspada hing gaibe dumadi guragapan
mengke yen anemu sandi puharane dadi kaya-kaya bocah.
Ya ta geger genturaning Pakungwati
alad-alad
Patih Seminingrat aglis
anglurug hing alas Bakung sinikara.
Sawatana prange Ki Buyut ningkir
leber mapan
ming kapetaken den tungtik
dening Kyai Patih Carbon Seminingrat.
Hing Patakan aprange sawata wis
sigra bubar
angajab samargi-margi
angrurongseb hing laku padang raraja.
Angararaja kanggo sangu ning madigdig
ingrarampas
singa ing dalam kapanggih
ya den rebut wani hing tingkahira.
Buyut Urang sabatute sala hepti
seja nyelang Carbon pusaka kujang.
Moyang Panjunan
katitipaken nasri
mring Suhunan
apa benere wong titip
yen wis lawan ya kudu angolehena.
Ya ta tan gelem ngolihaken positip
yen wis lawas
benere wong ananagi
yen matungteng iya kudu penerang ngana.
Ya ta sira saya angrempagi
sanak-sanak
warga Panjunan kang sami
amarenca hing kulon angriyung teka.
Siji loro sing Kandangur sing Junti
miwa ika
saking Singaraja malih
sing Dramaju sing Ciasem sing Karawang.
Ya sing Pontang sing Tanara asing akeh malih
sing Jepura
ika katilas awani
maring Ratu Carbon
seja salah cipta.
Seja ngangkat Buyut Urang ngadeg Aji
ora kaya
Ki Patih Semi naliktik
pareng wengi anjejem guna wikara.
Buyut Urang lsgi turu dipun godi
langkung katrap
sisirepe patih Resmi
ya wong domas bature Ki Buyut Urang.
Kena kabeh iku pada tinangsuli
tampa sesa
binakta ya hing ana ing
Pecattanda
ana hing Kendal Kajaksan.
Ku wong domas wis pinanjara den Patih
Seminingrat
sadaya malebet sami.
Wong domas bature kaki
Buyut Urang den beloki nang Katandan
patut dening oli patang puluh wengi
nuli ika
den aerus dening pajaksaning
Ratu Carbon ana hing Kendal Kajaksan.
Den kukumi mau ingkang mamaten
iya pada den esrahaken ning Judi ya medaling
pamanggahan pinatenan.
Dupi iku kang rarajah rarampasi
dipun wedal
lakeng ning pasapon pinrih
den gitika anuli ika den buwang.
Dupi mau kang pada garumbyung pitik
kang kagebah
ora kalawan pamih
ku karsane Ratu Carbon den mahappa.
Ya wus sirna rasa rusiting nagari
kabar kahan
luluhur Sang Raja wali
aneng Carbon mapan masih tedak lima.
Sidem kayon kang reka-eka pan nyilib
pulih hardha
waluya abecik ati
embuh besoke saikine ya wis kreta.

No comments:

Post a Comment