Wednesday, August 24, 2011

DANDANGGULA

DANDANGGULA


Kanjeng Sultan Banten tumulur asih
rempug lawan Morgel Jakertra
seja ngankat Ratu Carbon
Mugel Batawi darbe wawani
angadegaken Sultan
krana Banten iku
angsal idin saking Mekah
lawan angsal Pusaka Rasukan Ibrahim
pramila kinawenang.
Pangeran saking Carbon kakalih
mapan sampun ya jumeneng Sultan
hing Banten den intrenane
nuli kinarsa mantuk maring Carbon dupun katiri
Walanda sing Jaketra
ingkang naminipun
anengge kapitan Karang lan Raja Gowa Bima
kang prasami
kinen angraksa ha Sultan.
Embok ana panusul sing Matawis
ya ta Sultan sakoro wus harja
alinggih ana ing Carbon
babading jaman sewu
nem atus hing Carbon mimiti
ika jumeneng Sultan Walanda kang tunggu
mimiti ana Walanda
iya iku Kapitan Karang rumakseng Gusti
hing sajenggering wibawa.
Sajejeging amaro nagari
Kasepuhan lalawan Kanoman iya tatkala samono
Sultan Anom kang mangun
Kroton piyambek amurwa puri
sangkane tumuruna
maring anak putu
dadi ana Padaleman
loro eneng jroning kuta Pakungwati
ya tatkala samana.
Loro soteh kukume sawiji
pramilane yen kukum hum sarengan
Jumah he ya bareng bae
ana hing Masjid Agung
Panggulu hing Kanoman
Gilir Jumah atuwin Riyadin
sapa hing fitri sapa hing alkoh
mangana maning unine
Sukati sapa Mulud
lan sapa Riyaya kalih
katong roroning tunggal
ingkang linggih Ratu
Kapitayan duk samana
hing Kasepuhan nami Ki Arya Nadin
asale wong palekat.
Para Gusti duk samono musi
durung ngartos dumateng rarasan
malayu marinaning gawe
jurubasaning wuswus
ingkang nami Ki Arya Celli
iya iku kawitan
ming ana Tumenggung
aneng nagara Pakungwati
ingkang nginger ala beciking nagari
Sultan suksara pracaya.
Yumenggung ika kait lan Walandi
Kapitan karang lan Raja Gowa
Raja Bima ture
mula kaduga  lebur kut
a Carbon den burak dadi
den gawe bentengira
anang pinggir laut
sirnaning pusaka kuta timbul benteng
wawangunaning Walandi
anjaga jaga Sultan.
Lah iku waktuning carub urip
akeh Walanda akeh wong Cina
nunut suka hing Sang Katong
sinukan sami kumpul
umah-umah hing pinggir kali
sakuloning pabeyan ngadepaken dutu
ambanjeng pacinan dalang
pada gawe Kalanteng sabagi-bagi
acaket lan sabandar.
Pabeyan pamicisan dadi
kumerab sakuling bangsa-bangsa
pawalandan Kapitanne
ya Kapten karang wau
Kapitan Cina den arani
Kapten Burwe kawitan
ingkang pada laku
makoda wane pranakan
cacalang ingkang den wuri-wuri
jagane bok ana aprang.

No comments:

Post a Comment