Wednesday, August 24, 2011

DANDANGGULA II


DANDANGGULA


Warnanen inkang winuri-wuri
Jeng Suhunan Jati ingkang tadak
ingkang mrena aneng Cerbon
sinerat saking luhur
martabate agung kang Wali
ya Syeh Wali Akbar
sinebet Sinuhun
duk gagarwa jajaka lara
Nyi Mas Babadan gabug boka mutrani
takdir Allah tanggala.
Dupi garwa ingkang amutrani
Nyai Rarapi putranira
Syeh Datuk kapi namane
kakalih putranipun
kang satunggal den paparabi.
Pangeran Jakalan
kang sinebat
Pangeran Sedanglautan
kang sirane hing Mundu lan Ibuneki
Rarapi pon ning kana
boya wonten tadakaning wuri
dupi kang mrenah hing tedakanira
punika kang miyos
saking Pajajaran wau.
Kawunganten ingkang mutrani
istri ingkang namne senebut
Ratu winaon kang krama
wong Agung Sabrang Pangeran Atsangin
marenah hing putranira.
Ratu winaonika angadeni
Pangeran Sebangkingkin ika
kang mrenah ka Sultanan kulon
hing Banten Prajanipun
dupi garwa Sinuhun Jati
ingkang saking Mahostikta
putra Tepas nenggung
istri nami Ratu Ayu ingkang krami
wong agung saking Sabrang
Ratubagus Pase kang pranami
amarena agung prasutanira
ika Jeng Ratu Ayu
anggadeni ika kang nami
Pangeran P)asareyan
iku kang niro eruh
wiwinihing ka Sultanan
ingkang ana hing Cerbon ika turuning
Sarip Hidayatullah.
Ika syid Syeh Akbar kang dadi
kang jumeneg Ratu hing pakujan
iya dening pangangkate wong somas iya iku
kula warga Panjunan yakti
Jeng Pangeran Panjunan
purwa kala rawuh
kalih rayi Rara Bagdad
apa dening kang rayi Syeh Datuk Kapi
sarta kawula bala.
Angrong atus sawidak siki
punjul nenem balanya kang tiga
ya jejeg domas jumlahe
punjul siji ing ngitung
maring Jeng Pangeran dadi
samya golong Jamah
maring Jang Sinuhun
sarupaning kula warga
agung alit sadaya den imponi
denira Jeng Suhunan.
Den mumuli hing ngageng kang ngati
sinung nama gegeden sadaya
waneh kapatiyan mangke
maneh ingkang Tumenggung
ana ingkang lunggung Dipati
pon kawula warga
panjunan kang riyung
hing sajenggere Suhunan
ngadegaken agama Islam Pakungwati
menggeh duk ing ngistrenan
Jeng Sinuhun duk jumeneng Narpati
hing ngistrenan anang Cerbon Girang
wilayat panjunan muleh
aken tuwu tahayu
amangunaken ika sapuri
dalem Agung pakudyan
miwah pintu-pintu
kantaning pintu sayastra
kilu garba kita Dalem Pakungwati
pangrengganing Panjunan.
Dupi kita Cerbon kang ngubengi
saking gotaka kasoneyan
ngulon mengku Palosaren
alunta mung ngaliripun
pakiringan ngetan dumugi
gotaka Jagabayan
natas ngetanipun miminggir Kali Pabeyan
ngidul tepung kuta nagara Pakungwati
pangrenggan ning wong Demak.
Apa dening hing pasang pasuting
lemah duwur ngalun nalun miwah
pasar miwah sabandare
ingkang suka malebu
hing katandan miwa marga-margi
punika Sultan Demak
ngabakti hing Guru
amangunaken kang gadang
Astana geng tukang asal Majapahit
Raden Sepet agunia.
Guna karya kuta samaptaning
kenek kipun limang atus sawidak
sing Demak amuleh Cerbon
salanggahe Sinuhun
malah ika Putri ngadanti
ingkang nami Ratu Nyawa
katur hing Sinuhun
kinarya mantu punika
pinanggih yaken kalayan putra Cerbon nami
Pangeran Pasareyan.
Lami-lamining ajatukrami
nuli hika miyosaken putra
nenem katahe putrane
sawiji hing namanipun
Raden Kastriyan kang nami
agarwa ing Ptaja Tuban
ping kalihe iku
hing Losari jumeneng Panembahan Losari
Ratu kakadiyasa.

No comments:

Post a Comment