Wednesday, August 24, 2011

P A N G K U R


P A N G K U R


Lami-lami ning ngagesang
kudu bae ingrung nganing ngaurip
Carbon katekanan musuh
ring wong atas Maruta
Ki Dipati Ganden hing paparabipun
wong kalang wong angluluntang
mangan kodok mangan babi.
Sadina-dina genturan
ya apesta manjer pangetokan babi
lakok eneng agawe rusuh
maring isene desa
rarampasi singa cabar ya den roud
duduwene den parusa
ora nganggo sukane maning.
Yen den po ika tukaran
perang buru singa cabar ya kambil
ora nyang kirangi hukum ngalahakn nagara ora mikir hing
palakartining Ratu
Panembahan Girilaya
ora den deleng Narpati.
Den anggep wong ngamandika
Mila Dipati Ganden tan den tata kering
amepes bawaning Ratu
kang Patih Seminingrat
saoli-oli anyabili maring musuh
malah akeh kawat gata
wong Carbon akekang mati.
Kulawarga kaparungan
akeh tatu angadang sura wiri
wong Caikherang ageru
grandaka kapunggungan
Ratu Mendik apopoyan ning Sang Ratu
Penembahan Adillullah
den gondel sakti nulungngi.
Kranane ika wong kalang
ora kena den gawe beres urip
den tundung tan gelem mamprung
den rampek anglulungka
datan kena den gawe sanak angutus
gelar kadi camera kera
tan ngaji bener satitik.
Ngaluntang sakamya-kamya
duduwening akeh den paksa wani
sinemdu dadi agelut paten-paten brawasa
lalon-lalon anglalu ataker marus
angrebuti baranging liyan
tan etang dipun pentungi.
Dipun perang males merang ora kena dipun aru-aruhi
yen den aru anggep lampus
ya ta Kanjeng Panembahan
karsa tumon hing jalma kang kaya iku
kalih Panguli Jalila
hing ngiring  sagung santri
angangge sarwaning petak
patang puluh punika ingkang santri
miyosipun saking datun
kang sarta atakbiran Allahu Akbar rempug wong oatang puluh
adi sabik-sabilullah
sabille wong Pakungwati.
Takbiran kaya Riyaya
rame rempug swaraning hing wong santri
angiring Pagustenipun
miyos ming jawi kita
beneraning Tedeng pan sigra katemu
Dipati Ganden tumingan
hing polahira wong santri.
Ingkang sami atakbiran
suka bungah dumado milu muni
amuji puji Yang Ngagung
karenan tanpa sesa
dadi milu sainggeking Sang Ratu
den kon muni shadat
sakabeh wong pada ngiring.
Den Islamaken sadaya
Dipati Genden sako ela wargi
wong Kalang wus pada anut
mungalape Sang Nata
den dodo kaken hing Pakalangan iku
akumpul dadi sadesa
Pakalangan iku yakti.
Pan titiyang selam anyar
yasanipun Kanjeng Panembahan Giri
layan mila-mila nipun ywan kasebat
jawa Pakalangan
angabdi maring Sang Ratu
kongang lamon den edola
ping pitu sadinamangkin.
Katampun Ki Jalali
la yen ika sinengge kang abdi milik
Pakalangan ika ikusabad ika wong Kalang
ikang pada teka nagara ming ratu
gawe kalakuwan gagam
angalasaken nagari
dupi sunda pagunungan
sinengge abdi kasiyaning Haji
krana nalika duk mau
ratu ingkang tumeka
amerangi maring nagarane iku
marmanipun ketang seda
lawan Pakalangan mangkin.
Lawan aja gawee lo kan
nadyan gunung pon beda-beda ugi
yen wangkid gunung prakuwon
yen iku abdi amat
krana iku Islame pinrang nging Ratu
Islam soteh karana kala perange dening Sang Ngaji.
Yen si wong Gunung Prajangan
ku mardika krana Islame dingin
ora karana pinukul perang dening Sang Nata
estu iku suhud dewek maring Ratu
mula tan sinengge amat den nira wong Pakungwati.
Dupi Jawa Kapetakan tungal layan Pakalangan kahabdi
krana alame Sinuhun iku Pangeran Petak
sabalane pada gawe rusuh-rusuh kaya Pakalangan uga
tan nana beda sademi.
Mila Kiyai Jalita
Pangulune nagara Pakungwati
ngukumi yen ika dusun
kang aran kapetakan
Pakalangan tunggal bae habdi mamluk kamilik Sang Nata
Hing nagara Pakungwati.

No comments:

Post a Comment