Wednesday, August 24, 2011

L A D R A N G II


L A D R A N G   II


Gennya bubar angili pada aningid
hing guwa-guwa
sakedap akempal maning
yen kurang sangu iku pada bebegah
sing gampang katungkul iku den ambil
angraraja dadi geger tepis wiring
ya hing Carbon pada ngiliake nyipar.
Singlar saking prenahe angungsi puri
ya hing Carbon kuta Carbon masi kikib
ratu Carbon kang hing ngungsi hung ngauban.
Patih Rudamada miwah Mantri-mantri
amancalang
lie amburuh kidang kancil
akeh kena kang kari masih akatah.
Ingkang kena wus den asrahaken maring
Ki Katandan
kinen lamong kang rawati
hing panjara sinebut goning panjara.
Durung ana benteng durung ana bui
duk samana
pan durung ana Walandi
mung sinebut kang nyekel kanda wariga.
Pajaksane hing kajaksan pan alinggih putu nira
Ki Rudamada kang nami
Jaksa Sumirat kang andarma wacana.
Jan purwaning desa kajaksan sayakti
putra wayah
Panjunan Caruban kali
putra wayah Ki Arya Menger Kajaksan.
Arya Menger kakange mau Jeng Nyai
Nyai Pangalang
ika ingkang wus sirna lalis
Arya Menger kuwi ramane Pangeran.
Ya Pangeran Palalanon kuwi cuwan
ya kasilib
akeh nyana
yen Palangon sinenggi
lamon iku ugyan Pangeran panjunan.
Kalesanyata Palalangon kang sayakti
wong Kajaksan
ingkang duwe tunggal jati
krana Pangeran Palalangon iku nyata.
Ya putraning Pangeran ingkang nami
Arya Menger
dupi dunane kang asri
Pangeran Panjunan kardi pakirnan.
Wringin pitu kang linangawan ningsih
dukan emah
kasosetapan banting diri
dupi sumala mantuk Ardi Amparan.
Dan warnanen wargane iya Nyi Dempul
ingkang amsi
wangun geger hing nagari
saya dangu saya katah amarambah.
Kocap kena sapuluh mangka ngunculi
sewu mana wesa
kena satus amonculi
sewu mana wesa dadi jalma pan sadela.
Endas merang tinygel ika anuli
dan sinebar
dadi bala wus barketi
kawalahen polahe Ki Rudamada.
Daja matur popoyan hing Kanjeng Gusti
Panembahan amit asih ahubing
Nini-nini mau Nyai Gedeng Pancuran.
Kang dadalem
hing Pasar dawa anenggi
angandika
Nyi Gedeng Pancuran aris
putu nisun den pracaya ing Allah.
Ya si Nyai mengko kang makseni sidik
sapa-sapa
tawelak maring Yang Widi
tangtu hing mengko ana kisabing Allah tangalah.
Aja susah den lurunggi den perangi ila-ila
hing Carbon perangnga dadi temahane
ora-uru tambuhing seja.
Hing sandenge wong Carbon perang tan dadi
mangsa sida wus ila-ila hing wali
mung salelebon hing bodo ngalatak.
Amantangub karuwan kang den ungsi titenana
embok si Nyai akitib
dening anak putu sing amenangana.
Menangana perange wong Pakungwati dugi binjang
teka maring jaman akir
yen mengkono bae yen perang prayuna.
Ya ta marem Panembahan ingkang pikir muwa ika
ki Rudamada Patih
samya seja Pracaya ming Nyi Pancuran.
Samya eca-eca hing aryo puri ora lawas
bala Dempel sugih wani
seja bedah kuta Carbon den jujuga.
Ambel sura diksura pating padigdig
edir pada atimbul bojana kulit
sugih baris iku kang bala cicip tan.
Mila angka sumeja angaroboki
pareng praptahing marga bebaneran ning
sokalila Karanggetan kasasmata.
Kang pangaru kang bala ciciptan sami pulih merang
sakeng braja wesi sami
getas marepel estoning tanpa aguna.
Ingkang bayu lesu kade den lolosi angganira
liren gelar aneng siti
adan tandang Ki Rudamada sawakca.
Bala Dempul prasani dipun keriggi
ming ngayunan kinen tobata
prasami sira iku aja ilok gawe dora.
Maring Ratu lah iku marganing dadi suka lila
atining wong kang anjilib
sirna purna tan nana durha rancana.
Gedeng Dempul hing ngapura hing jati sami bubar
mantuk maring prenah lami
datan arsa sulaya kersaning Nata.
Ya wis ten tre orana kuna-uni sirna baya
durbala ngaubing Wali
Wali Carbon ingkang wus polipuring.

No comments:

Post a Comment