Wednesday, August 24, 2011

M E G A T R U H


M E G A T R U H


Yen sinuduk dadi akeh kaya lelembut
yata Sunann Matawis
ngutus sejen wira pamuk
niroban bala braketi
gumodug parane ngulon.
Iya iku Tumenggung sing Pasir Kidul
kang guna prawiwa sakti
Pangeran nang Selatelu
sumeja anjajal maring
kutaning nagara carbon.
Durung teka maring prawatesan Pakung
nembe duga ambeneri
tugu mangangkang katemu
Nata Ukur kang ngadepi
atanding wira kammacon.
Ingkang bala Mataram kundur katumpu
pada mulakipun dening
pangaruhe Nata Ukur
kenang ubang-ubeng dadi
polahe amider panon.
Ubang-ubeng tan karuhan lampahipun
amemegeli kang ati
nyata ika Nata Ukur
anulak musuh Matawis
tan kadugi datang Carbon.
Apopoyan wau hing bandaranipun
yen kadi musuh iblis
abdi dalem alalaku
boten katik dugi-dugi
pijer kapuyangan kapanan.
Estunipun amusuh pan dede musuh
kadi prang lan dedemit
tan kantenan gelaripun
ya ta Susunan Matawis
angutus hing sejen wong.
Sena pati suwanggi sabrang punjul
kait lan dukun gentiri
wong Mataram kang angri yung
lumurug hing Pakungwati
seja ngempes anak Carbon.
Ing ngiring ing bala pirang-pirang umbul
wong Carbon tan nedang-eding
Panembahan ora weruh
yen piyambake den lurugi
angeca-eca kemawon.
Ana soteh kang seja nulaking musuh
Ki Arya Wanduhaji
hing gebang bronjot kang mau
Sutajaya angadepi
saking Losari kemawon.
Saking sabrang kulon hing kali duk rawuh
para musuh sing Matawis
pang rahose remek-rempuh
pada rusak den amukir tur sajatine baloklok.
Sutajaya tan kesah-kesah angambek
mung ngadeg nang sabrang kali
amatek hing ngaji nipun
tuju lajaran ngenani
bala Mataram wuslorad.
Iya mulak pangrasene ana kang ngamuk
nanging tan kruwan kang wero
kadi wawayangan nempuk
amepes nyawa prasami
kandur ingkang bala katong.
Mila kocap ing Gebang laksananipun
anulan musuh Matawis
matur hing bandaranipun
yen Carbon kadi dedemit
uwong soteh dede wong.
Ulur-ulur tali barat hing lelembut
tan kenging den kanta jalmi dados mesa dede musuh
memeri amese pitik
sumanggeng karsa Sang Katong.
Ya ta Sunan Mataram kalangkung bendu
angraus durga kalilip
apa maning wuwuh imbuh
akeh sinangarya serik
kang kapentas hing Matahok.
Pan wis ana kang aserik
hing Mataram iya anamprung
manca maring Pakungwati
agolong ana hing carbon
dura tanggon anggon.
Mila sami pralalu manca anunut
maring Ratu Pakungwati
kang sabar krana Hyang Agung
rembesipun Raja Wali
Kutubing nagara Carbon.

No comments:

Post a Comment