Wednesday, August 24, 2011

P U C U N G


P U C U N G


Tan warnanen hing Mataram Ratu Agung
dumatenging dede manah
dumatenging Ratu Carbon
reh patusan ping tiga tan antuk karya.
Kaserenging napsu kaliputing bandu
asraya Walanda
Kapitan Hetal jenenge pinroh kena babandane sang Narendra.
Anak mas Carbon aja ora kajuput
maring ngrasa ning wang
tau rasa sira mangko
yen campole iku sobat dudu lanang.
Yata ika Kapitan layar minmg laut
amargi sagara
wus kadungkap maring Carbon
lampahira tangginas ya enggal papta.
Wong Carbon kapengel tan ana ngaru
hing waktu samana
tan nana Walanda tumon
aja maning umah-umah hing nagara.
Durung ana ana Walanda jeneking Pakung
wong Jawa aringas
maring Walanda katemben
iya iku durung bisa hing katanya.
Durung ngarti terang ing kata malayu
den ajak tabeyan
Panembahan dereng ngartos
ya tan suwe adining pangalpuka.
Panembahan nurut bae ing sacatur
ring Walanda bisa
katiga putra anderek
Pangeran Sepuh Pangeran Anom sada.
Kawa naha Panembahan lampahipun
lan Kapiten Hetal
angrasa yen olih gawe pan wis katur hing ngarsane
kang Suhunan.
Ingkang bau Panembahan pan tinangsul
dumadi pratanda
arrah babadan semune
inkang putra kaliye ngartos sing reka.
Yen kang rama angsal dukaning Ratu
Agung hing Mataram
dereng ngartos ing dosane
nuli kinarsa kinung-kinung dateng pasowan.
Ginunem repit seja pinambrih lampus hing pada nayaka
malah wis ranpung guneme boya rempug yen den
pejahana ganal.
Ya karan bebeting Bantang bilih metu
budine rakasa
hing ngarab pan datan suwe
ya puhara dadi wisahing Suhunan.
Ding sejane seja demit ambrih lampus
seja guna digdya
baruwang ingkang jinawe
kula warga Carbon wus dumuging kana.
Ingkang Gusti Panembahan sanget nganglu
miyosing pasowan
den muleh-muleh den gotong
den aji-aji binakta hing pamondokan.
Tanna dangu Panembahan nuli larut
gurnita yen seda
den mulya-mulya sinareh
den Astana ana hing Giri Malaya.
Mila sinebut hing wuri ing nama nipun
Kanjeng Panembahan Girilaya sinambate
guring jana yen Mas Carbon wus seda.
Sarta karsane Susunan lamon la iku
putra Panembahan
tan suka mantuking Carbon
den kukuhi kekel ana hing Mataram.
Kang den arah drapona aja na sumulur
darapon dumpura
raja ana Ratu Carbon
bilas ilang hing Carbon akundang setan.
Angrobohi karaton laku angaru
annyotengi dakar
nyukur kumis lah samangko
rasakena dengda wisasating nata.
Ana rengi waktu samono pihibur
perang Trunajaja
seja bedah Matarame
putra Carbon loro pan katimpal-timpal.
Greg pating bilunglung larag-lurug
maring ngedi ora
putra Carbon kalbesate
hing nagara Kediri pan wirandungan.
Pirang-pirang hing Carbon tahun asuwung
katuwagan Nata
durung ana sumulure
durung ana kang mikir ngangkat Raharja.
Ya sing waktu Panembahan ika larut
duk ing babad jaman
hing sewu limang atuse
pujul wulung puluh papat lumampah
duha maringalu anembelas tahun
tembe ana karsa.
Sulta Banten pasiyane
apotosan ametuk kang putra ika
kang kablesat hing Kadiri lampah harju
kinen ngamitena saking Sunan Matarame
ya ta Tubagus ingkang prasami mapagi.
Kesah maring Mataram ika anuhun
lilane Suhunan lamon ika putra Carbon
kang kakalih
kasuhun kahamitena.
Kang karsaken ana hing banten salimur
tunggil tunggil melas
sanggine ing Banten bae
munggih munggiya wontena idin Suhunan.
Ya tan Sunan Mataram suka dumulur maring penenada
hing wong Banten kang samono
kon malaksak dewek maring pangngumbaran.
Den salaksah aneng Kadiri tinemu
dan sigra binakta
maring Banten sakaliye
rena-rena Sulatan Banten adurran.

No comments:

Post a Comment