Wednesday, August 24, 2011

S I N O M II

S I N O M   II


Ya iku kang langkung guna
kacarita ukur ruku beras saelas kinarya
gajah sakandange dadi
tarkadang kayu jati
den tyekap babar pisan
kaliogane wau dumadi
pun ukiran karsane kang mangun guna.
Aja salah samya ingkang
jeneng Pangeran Losari
dudu kang den petek ana
hing palosaren sayakti
dupi ingkang sinare hing
palosaren kang saestu
pan kulawarga Panjunan
kang dingi dipun wastani
Pangeran Beken santananing Panjunan.
Dingine awangun karya
ababak tanah Losari
iya iku kang amurwa
mila kasebut nami
Pangeran Losari mashur
anut namaning yasa
nami Pangeran Losari
dupi wapat Pangeran Reken punika.
Dupi lininggihyan
hing Panembahan Losari
ingkang wayah Susunan
ingkang jumeneng Losari
meng sapanjeneng lalis
tan luntah mantrtaning Ratu
kaping telune putra
hing Pasareyan kang nami
Pangeran Dipati Cerbon kang sawarga.
Sadangkamuning teleran
Raja Wali Sunan jati
ingkang tumuwu marena
ana hing Cerbon nagari
wiwini mantra Kaji
aneng Cerbon gelaripun
kaping patipun putra
Pasareyan ingkang istri
nami Ratu Mas kang akrama aneng Tuban.
Ping limane Ratu Mas kang akrama Tubagus adi
nagara mangke jajahan
Banten tunggil kulo wargi
Panjunan hing ngrasri
kaping nem kang putra iku
Pasareyan kang nama.
Pangeran waruju adi
pan mangkana jumeneng Pangeran Sadakajeman
Sindangkamuning punika
ginadang linggih Narpati
sasirnane Jeng Susunan
mila alungguh Dipati
sampuni ika akrami
putranipun Ratu Ayu
ingkang namining wanodya
nami Ratu Wanawati
apuputra titiga nenggeh kang nama.
Ratu Sewu kang wanodya
dupi kang jaler anami
Pangeran Mas iya ika
ingkang atampi nagari
saking kang yuyut Aji
jeneng Panembahan Ratu
ing Cerbon sabab ika
kang rama Sidangkamuning
sumerene rumihin swarga Suhunann.
Apa dene ingkang eyang
wau Pangeran Pasareyan
pon inggih seda rumiyin
swargane Sunan Jati
pramila tampi mring yuyut
kang wino iri duriyat
hing nagara Pakungwati
kuta Cerbon masih genggeng manggeng barkah.
Dupi kang raya Panembahan
kang nami Pangeran Manis
dupi raka sing ngampeyan
punika sinung lilinggih
hing Gebang Ratu kakadi
sinebut hing namanipun
Jeng Arya Wirasuta
tambak prawira matawis
sinung cangkok Jawa gunung Pagebangan.
Lan Dramayu kinen siba
hing gebang nyangkoka maring
Jeng Pangeran Wirasuta
dugiya salami-lami
cinarita hing gurit
Kanjeng Panembahan Ratu
Hing Cerbon mangku reja
Sasirnane Sunan Jati
Angsal krama Putri sing nagara Pajang.
Putrinipun Sultan Pajang nenggeh ikang akakasih
Ratu Mas Gulamporaras
Prameswari Pakungwati
Panembahan Pakungwati
pon nenem hing putrinipun
nenggeh ingkang anama
Pangeran Sedangbalimbing
lan Pangeran Arya Kidul kang laksana.
Laksana andikep macan
dipun kempit kdi kucing
lan malih putra nata
ingkang kasebat hinmg nami
Pangeran Wiri nagari
lan istri ingkang winalangan
Ratu Ranamanggala
katela namaning laki
krana iku Pangeran Ranamanggala
putraning Sedanggaruda.
Sendanggaruda iku putraning Pangeran Ageng kaputran
hing Ratu Ayu putraning
Sunan jati kang laki
Ratubagus Pase wau
ketang tunggal teleran
ping limane putra Aji
Panembahan ratu kang wina yang harja.
Lininggihaken ning nama
Kanjeng Pangeran Dipati
Carbon ingkang Sedanggayam
mila lininggih Dipati
krana bade nyuluri
Panembahan sirnanipun
supados takdirullah
datan kena hing ngowahi
enggal-enggal somala he Sedanggayam.
Tilar putra kalih nunggal
ingkang istri Ratu Putri ingkang jaler Pangeran Putra
ya iku kang gadang benjing
nyuluri salinggihing
heyang Panembahan Ratu nenggih
dupi putra pamekas
Panembahan Ratu nenggih
istri Ratu Aingawaningyun kang nama.

No comments:

Post a Comment