Wednesday, August 24, 2011

D U R M A

D U R M A


Ra lawas prawantu olaking dunya
kundu ana kulilip
gegering pinggiran
kulon ana hing desa
Conggilis ana gurusit
wong bang nyarak Syeh Yusup ingkang nami.
Araraton rinu bunhing kawula bala
den tanggung pati urip
marmaning dumadya
oreggingbala wita
kasuhur arep numpasi
maring Walanda
sangkane den perangi
den lurugi saking Carbon sing Jakerta
para Kapitan sami
gelar malurungan
ming Conggilis aperang
sawatara akeh mati
umbul-umbulan
wong Carbon ambantoni.
Mantri ingkang anama Astraditaya
Perwajaya lan malih
oraming anggas ara muwa Kumendur Ajar
sarta saradadu pati
bala Makasar Kapitan Ros Bali.
Saking Banten pon bantu mangkana uga
malah sing Banten rusid
ana pinangngeran ingkang seda hing rana
lah iku marganing dadi
Morgel Jakerta
wirang daja ngebruki
amiyambeki kalawan para Kapitan
Syeh Yusup wus kacandak
ka benteng anang Batawi pan sineratan arak lan uyuh anjing.
Malah sira Syeh Yusup pejah jro pancana
waktu samana dadi
kasuhur Walanda
nutug dennya pirowang
maring Ratu Nusa Jawi kawilang bisa
anginger karta bumi.
Mila kangge paugeran hing sak Jawa
aminahing rurusit
palanglang bancana
mila waktu samana
ngupadeni hing nagari.
Rempag-rempug maring putusing kukuman
amor milu ngukumi
tan arsa katilar
krana yen ana durga
rurusit ika kanggo hing
lah iku carat
yen ning akire ngumandi.
Ora lawas Sultan Gusti ing Kanoman
Badridin kang ngemasi
sumuluring putra
wau ingkang anama
sultan Carbon Manduraji
samangke dadya
Sultan Anom Nurudin.
Sultan Kalirudin tunggil punika
sumuluring Rama Ji
hing praja Kanoman
dennya amangku reja
karta tana una-uni
geng alit sukakakang bawa Pakungwati.
Sultan Kalirudin nenggeh puputra
nami Pangeran Gsti
lan Pangeran Kresna
lan Pangeran  Wisnuntara
kang istri Ratu Dipati
lan Ratu Wijaya
lawan Ratu Martasari.
Salamine Kalirudin Mangkureja
ligan tahun tumuli
seda tilar dunnya
sumulur ingkang putra
kang nembe ing yurmaneke
kalilas timur dumaja
kang paman amakili
ingkang anama
Jeng Pangeran Dipati.
Jeng Pangeran Dipati Rajakusuma ingkang ngolah
titi yatnaning nagara
angreh kagelar mulya
karta hing saguna gati
raharja pura
hing Kanoman bawa Aji.
Ora lawas Jeng Sultan hing Kasepuhan
ingkang nama Jamaludin
seda tilar dunya
sumulur dateng putra
wus hingistren ngadeg Aji anama Sultan
Raja Tajulngaripin.
Alim Kitab limpad maring basa Arab
nit yasa ngangit kadis
Kitab cara Ngarab
angaceki sapraja
Pakungwati tana ngirib
hing kala hing basa
sagujiya logawi
remen angintar Kalimah hing Ngilmu rasa
hing cecelaningsupi
hening hing Pangeran
Rububiyah Yang Sukma
acager wisik sajati
duweting Bengat
kang srih pinusti pasti.
Angelaraken amangguron hing iktikad
mila kasuhur dadi
Guru Ratu mulya
Wakil mutlaking Allah
hing sagara Pakungwati
ora liyan
nanging Pajulngaripin.
Anggongon ni warangi apiking lampah
ambeningaken ati
kang abangsa sukma
kapangerananing Hyang singa Pandita kang luwih
pan minaketan
hing asil kang sajati.
Kaji Abdulmuchyi
Panembahan Karang
Ki emas Saparwadi
lan Kyai Amyah
pan sur kang sena wita
karana jatining wisik kimalaspa
Ki Gunung Cinde malih.
Sutruping lampah karuyaning manah
Hing esir kang sajati
Rasaning itikad
Kasuciyaning manah
Winuri hing jati salir
Kang sinungkeman hingbangsa Guru Aji.

No comments:

Post a Comment