Wednesday, August 24, 2011

D U R M A

D U R M A


Rakaya Ki Dipati Ukur hing wuntat
ngari aminangkani
kiwuling ngaguna
matek aji limunan
malebeting dateng puri
aneng Mataram
tan nana ingkang uning.
Malah gedang semangka hing dalem puri
den dahar ingkang isi
kulite waloh eya geger ring wong jro pura
tumon gedang pada masih
wutuh tan kaya
isine musna gaib.
Mangkana uga semangka kang pada musna
isine hanging kang masih
kulite waluya
gawoke wong Mataram
dening tembe ameningi
kadi mangkana
oreg sadalem puri.
Nuli ika Tandamuhi matek limunan
lumebeting jro puri
menangi Sunan
ika diweg tuturas
emase dipun contengi
apu madu pat Sunan kaget ningali.
Aningali emas kaligane ana
coconteng ingkang putih
pikir ana baya
iki ana durbiksa
baya belis saking ngendi ngaru maring wang
dubilah den tebih.
Enggal sira ingkang dakar winasuhan
nanging yen uwis aking kaligane ana
maning cocondeng pedak
Susunan dangu mimikiri
dereng kamanah
ingkang ngasung wigani.
Nuli ana Ki Arya Salingsingan muja alimunan den wisikik
manjing hing kadat yan
amenengi kang Susunan
diweg dahar den ladosi
para parekan
Ki Salingsingan aglis.
Manyungkur hing kumise Kanjeng Suhunan kumise kang sasisih
ya ta sang parekan
kaget ningali Susunan
kumisi ilang sasisih
mancep ngujiwat
Suhunan maskitani.
Angandika kuwe mesem mulat maring wang
apa kuwe sarasmi
maring raganingwang
dupi mangke den usap kumis kari sisih
adan Suhunan
mundut adining carmin.
Amratelakake kumise kang ilang
ngilo kakaco yakti
nyata kumis ilang
nyata Sunan ngandika
sapa ingkang wani-wani
hing kumis ingwang
den cukur kari siji.
Nuli ana swarga uni sabda
nyauri hing Sang Ngaji swara
nya enya anu nyokuran
Sunan Mataram nimbali
Papatih ira apariksa lahiki.
Ya kumisku ilang sasisih kelangan
teka ana nyahuri
swarane kang mun ya
aning artine apa
Ki Patih matur wotsari
artosing basa
aning punika kami.
Gih punika basa tiyang Carbon Sunda
lah iku marmitaning
Susunan Mataram
nyereg yen Carbon ala
pada undangana gelislakune nyetan
sugih rancana demit.
Wus katulap yen dadi musuh hing nata
wani amanjing puri
ora lan dadalan
nyukur kumissing Nata
ora layan den badami
sasaha si pakurwati.
Ya Ki Patih matur nuhun duka Sang Nata
anak Mas carbon mangkin
pan sampun kalilan
mantuk dateng nagaranya
pandugi kang masih hari
rowangan nira
ngalindeng digja demit.
Boten kados tan kasasmata hing tinggal
saking pundi marganing
ingklang kacepenga
Susunan angandika
lah lurugana tumuli
Carbon den kena babandane mariki.
Lah iku marmitaning dadi cela
Carbon lawan Mantawis
mantingka lurugan
Pangeran Purobaya
kang tumanduk anglurugi
aneng pakudyan
sarta para prajurit
duga maring Carbon ika masanggrahan
mungguh kiduling kali
kang mangke katelan
Paronggol namanira
enggal Kyai Tandamuhi
kang lumantinga
hing gelar sing Matawis.
Kacarita Tandamuhi kang laksana
tumanding hing praweri
Pangeran Purobaya
anyuduk tinadahan
Tandamuhi dadi kalih
pinindo dadya
papat anggambing-ngambing.
Di ping telu dadi wolu ingkang raha
sigra kinen malesi
dupi lumaksana
tandamuhi sumeja
anyuduk hing ciwakan mangka ning
ababa kudaburak ika dumadi.
Ya Pangeran Purobaya dawah hing lemah
narimah kawon jurit
bubar sarta bala
wansuli maring Mataram
atur uning hing Sang Aji
yen Carbon mapan
tan kena den gagampil
ya satepak kekere karo wadyanira
tan kena den gagampi;kadi uler timah
panas bawaning setan
punika wong Pakungwati
osugi guna
setan katong ngadohi.

No comments:

Post a Comment