Wednesday, August 24, 2011

P A N G K U R


P A N G K U R


Satuwhe hing ngagesang
kudu bae ana rungsebing bresih
ana ingkang rusuh-rusuh
wong raraton ning kana
hing Gunung Galunggung paja-paja Ratu
bebresatan saking wetan
ngulilip laku momori.
Momori hing Karajahan
apinda-pinda Ratu ngirupi alit
ya ta wong carbon anglurug
Mantri ingkang pranama
Sarajaya kalawan Ki Jayengsatru
Astrajaya ya pon kesah
Anglurug sing Pakungwati.
Kanoman lan Kasepuhan
samya lurug pan samya ganti gumanti
dumateng Gunung Galunggung
pintening lami nira
graya-graya lan akeh ingkang kasambut
marmane ika walanda
enggal pada anulungi.
Ingkang para kinapitan
Kapitan Ros kalawan Kapitan Muris
Kapten Cina mapan melu
Kapiten Burwe ika
Kapitan Hongge lan Saradadu nipun miwah kang paranakan
den luruggaken ajurit.
Pirang-pirang tambur ika
saradadu Walanda anggunturi
angelar pabantu-bantu wis pirang-pirang wulan
gennya gelar angluru ya hing Galunggung
lawas-lawas kawatgata
rurusit Galunggung lari.
Bubar lurude mingetan
wusing kreta tan nana uni-uni
ora kaya hing dumuwu
kudu bae kakenan
rusiting Kanoman
kapitena ya hing dudu
Papatih hing Kasepuhan
kang nama Ki Arya Nadin.
Ngajab lubering Kanoman
darapona jengger dadi sawiji
mila pitnahe matur
maring Likman Walanda
yen wong Kanoman nyimpen wong Bugis hing kidul
kanggo angremek walanda
ajan hing Pakungwati.
Lah iku marmine Sultan
Sultan Anom den benteng sawatawis
katiti tan wruhing harju
ya ta ika kang putra
ingkang nama Dipati Pringgabaya rengu
anusul dateng kang rama
hing benteng dipun lebeti.
Hing ngadangan hing Wanlanda
kudu meksa akeh Walanda kemit
kang den adu kumbang kondur
ya lan sampun kepandak
kalih rama hing benteng sigra matur
nuhun idene jeng rama
pun topi hamba kula srik.
Kula tumpes pun Walanda
ingkang rama girap-girap aja Kyai
den eman ming anak putu
aja murwa marah
aja sira darma mimiti hing dudu temahe nak putu benjang
kang rusak darma lakoni.
Ana dene diri ningwang
Allah uga ingkang angudaneni
karanane anak putu bok ora kaya sira
aAlung den ngati sukure maring Yang Agung
jugala awet harja
nunggu pusaka kang dinging.
Adipati Pringgabaya
sireping rengu pituturan kang sajati
pareng Walanda angruru
kateranganing lumampah
Bugisnyata ana hing pasisir kidul
sateh Bugis umah-umah
ora edang ora keding.
Nyata dudu sisipena
Duduminang sraya ngramek Walanda
lah iku marmitanipun Sultan
Anom luwaran
saking benteng salamet alungguh RATU Walanda neda sapura
Jeng Sultan angapunteni.
Liknan Pandemhir kang nama
………………………. saenggu ati
………………………. kang wau
Sultan Badridin mula ……….
ingkang kula Kanoman iya iku Sultan Gusti iya tunggal
kang nama Sultan Badridin.
Dupi aneng kasepuwaning kang nama Abdulmakarim
Samsudin
ingkang mula nipun
ingkang anama Sultan
Kasepuhn ingksng jeneng Sultan iku
genipun jumeneng sultan
amungan rolikur warsi.
Anuli ika sumala
ajejegi yuswane hing ngauripa sangang dasa kalih tahun
sumulur dateng putra ingkang wau Pangeran Dipati tangtu
hing ngestrena jumeneng Sultan
nami Sultan Jamaludin.
Aneng praja Kasepuhan
wong ngagung ahli suluk hing Hyang Widi
kasengseming dera sugul murakaba hing sukma
anirna lir awujud cengeng ing tawaju
hing supi kapangeranan madep hing jamalullahi.
Kang kacarita lok salat
maring Mekah ingkang badan rokani
ya iku kang neroh laku
mila meled kang kramat.
Gunung Linggarjati den nawe dumulur
marek maring Lawangsanga
wong mahat aren andamping.
Padati tuku kang lahang
salir parekan paa atumbas gendis
sawuring tutug alangun
gunung kinarsa lunga
geblar tebih kadi panggenane mau
malah ana kang kagawandeng ngitaring gunung balik.

No comments:

Post a Comment