Wednesday, August 24, 2011

P U C U N G II


P U C U N G   II


Wantu-wantu hing ngagesang kudu nemu ingkang
kasusahanganta
sapira lawase patang puluh wolu tahun iku ana.
Cocobaning pekir hangula kaum Masjid agung
kabarpuncaki ingkang katunan
geni saking sabrang kidul sing walahar.
Geger kaum pan samya rinebut-rebut
Ki Lebe Duliman
tandang ngunjukaken kocor
Marbot Kamjah sabature ngerab toya.
Modin Husup sabature pada nawur
aken lemah ika mambrih ming geni matine
pan katujung para Lebe sing padedesan.
Panembahan dumulur ika sarejo
yen kawangun limas
mengkamewahan empere
sakubengi dadi surambinira.
Lan pintune kamewahan bata mempur
kinanea kang mungal
lan malih paimamame
pan ginatra dunjung hadi tanpa talaga.
Miwah jajantung tanpa pisang ingkang mungup
darapona daja
hing ngadining sasangkalane
bata mungal-mangil mangupkang sasmita.
Ya wus jengger pulih sya wu-wu abagus
luntane alempah
kawuri-wuri jatine
tapaken para Wali kang sasanga.
Menuri wuri dening anak putu
arjaning pakudyan
tilase hing luluhure
ingkang sampun sirna sampurna sukasma.
Bab hing seseban ming Mataram maski laku
mejang naban warsa
naban murud pan sakehe
para Ratu Nusa Jawa hing Mataram.
Pan mangkana adate hing naban tahun
salamining gesang
ora nana hing cutake sumambah karaharjan hing Mataram.
Pramilane hing Carbon tuhu rahayu
krana tumarimah
manah sukur sagedene
beda Banten kaselang tumpur sakada.
Sabab kirang hing manah sukuran nipun
ya wai waspada ngisab hing napsu samini
spa sukur winales guna waluya.
Sapa kurang sukure winales tumpes ora nan liyan metu
sing ngawakee dewek
Gusti Allah pan ora anganihaya.
Sahalame jeneng Panembahan ratu
seba ming Matram
ora nan arung anane
mulus mujur kang basa prasetya waktya.
Sunan Mataram pan tan nana ngaru biru
dennya nganggep anak
Mas Carbon labda karyane
Hing Mataram katarima jar samaja.
Ra kurang ora luwih dennya ngulun
mila katarima
dumadi ing salamete
satuwuhi anak Mas
Carbon raharja.
Sakarsane sabarange kang winangun
boten nana tilar
Sunan Mataram rempagi
mangkana kang dadi slameting lampah
mungguh yang widi karsane
singnga asta lahir batin tan beda.

No comments:

Post a Comment