Wednesday, August 24, 2011

A S M A R A DA N A


A S M A R A DA N A


Warnanen wong Pakungwati
Panembahan Girilaya
naban tahun sesebane
hing ngarsa Sunan Mataram
naban mangkati ngetan
wulan sapar layen rawuh
tanggal ping nem Rabiulawal.
Nuju unining Sakati
sabab hing Praja Mataram
hing tanggal ping nemunene
Sekati dugi hing Iplal
kempeling para Raja
kang seba ana hing riku
bada Iplal sanya bubar.
Beda aneng Pakungwati
hing Banten unining Tabal
Sukati tanggal wolune duga maring Iplal ira
kokong ngang sing Mataram
aja ngungkulan harju
dumateng piyambakira.
Banten sabane wus mari
wus kapohung dening arsa
patugur naban tahune
prikati Mugel Jaketra
lunta kaja mangkana
dupi Carbon masih nungkul
sina tat hing Bupaca.
Satata lawan Kadiri
Madiyun lan Banyumas
Demak lawan Pajange
Madura Sampang curiga
sebahe hing Mataram
titip awak piyambekipun
jumeneng Ratu ampilan.
Warnanen wong Pakungwati
Panembahan Girilaya
yen beba ngetan dinerek
dening kalodahan nira
Ki Arya Salingsingngan
miwah Ki Dipati Ukur
punapa dening lulura.
Ingkang nama Tandumohi
miwah Kaki kadurowan
hing Gebang Wanduhajine ingkang nama Sutajaya
dederek hing Mataram niniteni Gusti nipun
larane wong angawula.
Hing pamondokan Matawis
ora na ngajeni pisan
yen marek maring Sunane
anglepo ana hing lemah
konjem-konjem ana ing lemah
ika ingkang dadi rengu
manahe Ki Salingsingan.
Muwa ika Ki Dipati
Ukur umatur hing Panembahan kulipun duriyat kulon
anak putu Rasullullah
nemba hing wong Mataram
anak putu kaya isun
tunggal asal ka Galuwan.
Moning ngapa sampun lumiring
pangalataking Mataram
kula Gusti kang tanggo
hing banggane wong Mataram
Gusti atas kaula
Gusti sampun tumut-tumut
barkahe luluhur Nata.
Saestu Sang Raja Wali
tangtune ngaobe barkah
Panembahan adan linge
aja geru yin rarasan
bok ana kang miharsa
tema dangdang muli kuntul
pitenahe wong Mataram.
Mulane isun ngabekti
ya maring Sunan Mataram
bok iki pada katambon
mengkoyen sami asowan
hing ngarsane Suhunan
sun dudokaken tuhu
jatine ingkang sun sembah.
Amung aja adu linggih
lan isun den kapiarta
yen ana babisin ingngong
ya ta kang para Lulurah
ngartos wangsiting Nata
miyos aneng pangangkilan.
Sunan Mataram wus linggih
ana singgasana mubyar
kinubeng sakaprabone hing ngajap sagunging Nata
sami konjeming lemah
lir pitik atumon ulung
rarasi para Nalendra.
Panembahan Pakungwati
tan tebah Lulurah ira
ana katingal mancorong
hing tinggaling salingsingan
Nata Ukur pon mulat
Tandamuhi pin dulu
tengene Sunan Mataram.
Ana linggih kursi gading
komara nelohi jagat
pinayung kadi Srengenge
ajeng ngenging para Lulurah
kawengan teja prana
pareng bubar hing ngalungguh
sami dateng pamondokan.
Panembahan Pakungwati arising kandikanira
la kaki paran was paos para Lulurah aturan
inggih Gusti punika
punapa kadi andaru
nembe kaula karengan
rupaning kang adi luwis.
Panembahan angandika
bok kai ora angratu
kang katon ya ika Eyang
Suhunan Kalijaga
Boktan idep jati iku
Jatine ingkang sun sembah.
Urub-urub hing Yang Widi
murub mancur Rasulullah
insan kamil jati reka ingkang pangawak teja
mageng araga sukma
apa dudune luluhur
Sunan Jati munggeng kramat
la iku margane ngarti
wis iking Gusti Panembahan
dennya sukuran ngolosod
hing sampar lebu Mataram
anut inggeking mala
sampun sedeng sami mantuk
mring Pakungwati nagara.

No comments:

Post a Comment